Sabtu, 12 Februari 2022

Dhandhanggula

 Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula.

 Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani macapat amarga olehe nembangake pedhotane 4-4, uga ana kang ngandharake manawa macapat iku saka tembung ma + cepat, iki amarga manawa nembangake macapat mung rerikatan bae, ora nganggo wiledan utawa elak-eluking swara kang njalari dadi suwene. Tembang macapat kalebu tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:

 1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada. Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis di tentokake cacahing gatrane. 

2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake cacahing wandane 

3) Guru lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o. 

Supaya luwih gamblang, paugeran-paugeran saben tembang macapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku bisa kogatekake ing tabel iki. 

Tembang Macapat iku cacahe ana 11 (sewelas), dene jeneng-jenenge tembang Macapat lan paugerane kaya kasebut ing ngisor iki : 

 

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki! 

DHANDHANGGULA 

Jungkat siti panggaraping sabin, 
laku saru datan ilok tenan, 
tadhah udan sing ginawe, 
den ilangana sampun, 
awit iku kang dadi ciri, 
tumrap manungsa gesang, 
awon dadosipun, 
lamun saru trus binekta, 
iki jeneng nistha kang tanpa upami, 
 tan pinercayeng liyan.

Saka tembang ing dhuwur bisa dijupuk dudutan paugerane tembang macapat Dhandhanggula, yaiku:

guru gatra            : 10 
guru wilangan     : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 
guru lagu             : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
 
GLADEN
 
Gatekna tembang rong pada ing ngisor iki : 
Pada 1 : 
Lire lalabuhan tri prakawis, 
Guna bisa saniskareng karya, 
Binudi dadi unggule, 
Kaya sayektinipun, 
Duk mbantu prang Manggada nagri, 
Amboyong putri dhomas, 
Katur ratunipun, 
Purune sampun tetela, 
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, 
Suwanda mati ngrana. 
Pada 2 : 
Bapak pucung dudu watu dudu gunung 
Dawa kaya ula 
Ancik-ancik wesi miring 
Yen lumaku si pucung ngumbar suwara. 
 
1. Kepriye paugerane: guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ing pada 1 ? 
2. Kepriye paugerane: guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ing pada 2 ? 
3. Apa bedane antarane tembang pada 1 lan pada 2 ? 
4. Kagolong tembang apa pada 1 iku ? 
5. Tembang kang pada ka 2 iku kagolong tembang apa ?
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar