Minggu, 13 Februari 2022
Sabtu, 12 Februari 2022
Nyemak Watak Tembang Dhandhanggula
Tembang macapat jinise ana 11. Saliyane nduweni paugeran kang pinathok saben jinis tembang macapat uga nduweni watak dhewe-dhewe. Kanggo luwih cethane ngenani watak tembang macapat bisa dideleng ing tabel ngisor iki:
Mligi watak tembang Dhangdhanggula, watake luwes lan manis. Watak luwes tegese watak kang kinandhut ing tembang Dhandhanggula kanggo medhar rasa pangrasa, bisa isi pitutur, piwulang, tresna asih, asah, lan asuh. Watak manis tegese pamedhare pitutur, piwulang, tresna asih kanthi tetembungan sing manis, endah, lan kebak pasemon ing pangajab nuwuhake rasa pangrasa luwih nges.
Dhandhanggula
Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula.
Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani macapat amarga olehe nembangake pedhotane 4-4, uga ana kang ngandharake manawa macapat iku saka tembung ma + cepat, iki amarga manawa nembangake macapat mung rerikatan bae, ora nganggo wiledan utawa elak-eluking swara kang njalari dadi suwene. Tembang macapat kalebu tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:
1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada. Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis di tentokake cacahing gatrane.
2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake cacahing wandane
3) Guru lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o.
Supaya luwih gamblang, paugeran-paugeran saben tembang macapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku bisa kogatekake ing tabel iki.
Tembang Macapat iku cacahe ana 11 (sewelas), dene jeneng-jenenge tembang Macapat lan paugerane kaya kasebut ing ngisor iki :